Selasa, 17 Januari 2017

NITIP KANGEN


Wis pirang-pirang bengi ora biso turu

Mergo tansah kelingan marang sliramu

Ning netro katon nyoto esem guyumu

Ati tansah tratapan naliko nyanding sliramu
Arum wangine kembang nggugah kangen iki
Koyo sliramu nyanding rogo iki
Aluse pangucapmu nentremke atiku
Senadjan mung sedelo ngobati roso kangenku

Mung tak angen roso sakjroning dodo
Koyo ati ra ono wong liyo
Saben wengi mung tansah kelingan
Tak titipne roso kangenku nang kerlip lintang

Semono ugo aku kangen sliramu
Saben wayah turu eling parasmu
Gelisah batin iki yen ora ketemu
Marang kerlip lintang tak titipne roso kangenku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar